PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Friday 8 March 2013

TULADHA ATUR PAMBAGYAHARJA TUAN RUMAH



Asslamu’alaikum Wr. Wb

Alhamdulillahirobbil’alamin wabihinastanginu ‘ala umuridunya waddin asholatu wassalamu’ala asrofil ambyai wal mursalin wa’ala alihi waaskhabihi ajma’in ama ba’du.

Wonten ngarsanipun para pini sepuh sesepuh ingkang dahat kinabekten, Para ‘alim ulama ingkang tansah sumandhing kitab kalaming illahi,Wonten ngarsanipun bapak-bapak saha ibu-ibu ingkang dahat kinurmatan, para tamu uleman saha kadang mudha taruna ingkang tansah bagya rahayu wilujeng.

Langkung rumiyin mangga kula derekaken tansah ngunjukaken raos puja dalah syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang hakarya jagad, amargi kanthi rahmat saha hidayahipun kita saged makempal  manunggal wonten papan menika kanthi wilujeng boten manggih alangan satunggal  menapa.
Shalawat lan salam mugi tansah kunjuk wonten ngarsanipun Nabi pungkasaning jaman Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kita antu-antu menggah syafaatipun wonten donya menapa wonten akhirat benjing.amiin.

Sagung para rawuh ingkang sinungga ing akrami

Nuwun sewu dumatheng para pilenggah sedaya amargi kula sampun kumawantun matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbok menawi kula nggempil kamardikan para pilenggah sedaya ingkang sawek sakeca anggenipun sama ngendikan. Kula minangka sulih atur saking kulawarga,
Ingkang angka sepisan ngaturaken sugeng rawuh saha panuwun awit rawuh panjenengan sedaya ngrawuhi menapa ingkang dados uleman kulawarga wonten wekdal kepengker.
Ingkang kaping kalih, kula sakulawarga nyuwun donga pengestu para rawuh, mugi adhi kula ingkang sawek dipun tetak inggal pinaringan mantun,saha dipun tebihaken saking panca baya lan mugi benjang sageta dados putra ingkang migunani tumprap tiyang sepuh, masyarakat lan agami.

Para pilenggah ingkang dahat kinurmatan

Ingkang angka tiga saking kulawarga nyuwun agunging pangaputen ingkang tanpa pepindhan, mbok menawi anggenipun caos papan palenggahan menapa pasugatan kirang nujuprana menapa kirang dadosaken renaming penggalih, kula minangka sulih atur kulawarga nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Ing wusana, saking kulawarga ngersakaken, para pilenggah sedaya kasuwun kanthi renaming penggalih supados nglajengaken anggenipun sama lelenggahan dumugi paripurnaning acara ing wekdal menika, mbok menawi wonten pasugatan dhaharan menapa unjukan mugi para rawuh kersa ngrahapi kanthi eca, sekeca lan mardu mardikaning penggalih.

Para pilenggah ingkang sinudarsana

Mekaten lan semanten ingkang saget kula aturaken minangka sulih atur kulawarga, mbok  menawi kathah lepat saha klenta-klentunipun anggenipun kula matur, menika boten kula sengaja ananging menika saking kirangipun kula nguaosi babagan basa, tatakrama saha paramasastra, kula nyuwun agunging pangapunten ingkang tanpa upami.

Pungkasaning atur bilahi taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

No comments:

Post a Comment