PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Wednesday 16 September 2015

TULADHA GEGURITAN TANAH AIR

SESAWANGAN NUSWANTARA
Dening Sigit Mulyono


Indonesia
Nuswantara kang gung binathara
Rakyate makmur urip sentosa
Sing jeneng gabah ngembrah
Sing jeneng tirta samekta
Sing jeneng karya ana lan tumata
Samubarang kinarya dadi lan murakabi
Kang aran kala lan bebaya ora nate ana
Kuwi Indonesia

Indonesia
Pamarintahe adil tinata tanpa kang sujana
Amanah agama kang dadi cepenganira
Tumindak culika lan duksia iku sirna
Ning kuwi jaman biyen

Indonesia saiki?
Negarane sugih tansah hamurakabi
Ning sugih kebol lan korupsi
Jarene makmur ning reregan ajur mumur
Apa iki aran jaman kala bendu
Jaman edan kang diramal
Sing sugih samsaya sugih
Sing mlarat keliwat-liwat

Unen-unen "kalah rupa menang bandha, kalah bandha menang dupa"
Apa kuwi unen-unen nyata?
Tata krama barang biyasa
Sing nganggo mobil iku sing duwe subasita

Dhuh Gusti.....
Paringana sabaring ati
Paringana loh jinawi
Mrih dumadi negari kang lestari

No comments:

Post a Comment