PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Thursday 13 February 2014

Legenda Nusakambangan

Legenda Nusakambangan
NUSAKAMBANGAN

“Ora! Kudu disirnakake. Yen perlu malah diobong apa dilarung ing segara, kareben ora nyepet-nyepeti”. Bareng karo pucuking tembung, sakala jroning Kraton Ajibarang udan kembang. Patih Tambakbaya ngungun, onya.
“Menika pralambang menapa? Sinerang ngendika dalem purna, kok lajeng udan kembang maewu-ewu.” Pitakone Tambakbaya, lungguhe saya ngangseg.

“Kamulyan!” Wangsulane prabu Ajipamasa, unjal napas landhung.
“Menapa badhe kelampah panjenengan nggecek Resi Kano ingkang manggen ing pertapan Gumelar menika. Dhawuh panjenengan supados nyingkiraken rumiyin kemawon, muspra. Resi Kano menika limpat, bontos ing kanuragan.”Tambakbaya ngandhakake karepe prabu Ajipamasa. Nanging ora digape.

“Ya merga kasektene kuwi, aku kuwatir yen mengko Kano njur mrengkang, ngrubuhake kalugguhanku.”Tambakbaya semu ngelingake bareng krungu pratelane sang Prabu.
“Boten, boten badhe kelampah jalaran piyambakipin satunggaling resi ingkang becik budinipun. Kejawi saking menika, menapa awakipun piyambak samangke boten badhe nampi saru-sikuning pangeran.”
Prabu Ajipamasa munggel rembug. “Sebabe? Ora sah mulang!” Tambakbaya ndhingkluk. Sajak nglirik sang prabu kang lagi sekel galih..

“Kula taksih emut cetha. Negari Ajibarang ngriki sinten rumiyin ingkang bebadra. Cikal bakalipun inggih resi Kano. Piyambakipun ingkang mbikak alas ngriki, awakipun piyambak ingkang kantun mlebet dhateng kasung ingkang sampun ginelar. Lha samenika kok piyambakipun kedah kasingkiraken ?” Prabu Ajipamasa tetep puguh.
“Wis kakang Tambakbaya, yen saiki ora gelem mbantu mangsa baranga kraton. Aku arep goleki Kano menyang pertapan Gumelar.” Prabu Ajipamasa kepeksa ninggal praja dhew tumuju pertapan Gumelar.

Kocapa, nalika semana omahe resi Kano tinemu sepi. Sang Prabu katon sekel. Resi Kano sajak kaya wis nampa wangsit yen bakal diancam patine. Wong sakiwa tengene ditakoni  padha ora ngerti. Jarene wis watara seminggu resi Kano ora tau katon. Njero ngomah digledhah, tinemu mamring. Suwung blung.

Anehe, nalika sang prabu arep mancat tlundhukan lawang krasa ana lindha gedhe. Omah tuwa iku klakon rubuh dadakan. Omah murub, murab-murab nggegirisi. Ubaling geni mubat-mabit ngetutake sang prabu. Kaya arep ndilat-ndilata. Wong kiwa tengene geger, ana kang kenthong titir, ana kang mlayu ngono wae.

“Kano….ora urus. Kowe nedya pasang tulak sarik.” Senadyan sing digandheng ora ana, sang prabu meksa gedumelan dhewe. Geni nedya disirep. Kopyahe sang Aji pamasa diuculi , kabanting wani. Kabul panuwune sang nata.Mendhung padha ngumpul,
Bress….! Udan prahara nempuh geni mangalat –alat. Lapp…sirep ngono wae. Ilange geni, jumedhul resi Kano lagi ndhukluk sedhakep.

“Oh….pamer kowe Kano.”Prabu Ajipamasa namatake, ora  samar yen resi Kano kang mecungul ing tengahing geni . Sing disendha etel, meneng wae. Malah saya gawe muntabe sang prabu.
“Iki jalukanmu….rasakna.” Jumeprete panah pas gegere resi Kano, tablas. Jagade dadi peteng lelimengan . Hawane panas. Mung keprungu swarane pating jlegur. Suwarane tanpa sangkan. Ora krasa awake prabu Ajipamasa nyengg…, kaya ana sing ngangkat. Kumleyang nlusup mendhung kandel. Resi Kano ilang, muksa.

“Heh Ajipamasa , kowe ratu ambeg gumedhe, ora duwe welas. Manuta tak kremus-kremus, tak sesep-sesep balung sungsummu.”Tibane prabu Ajipamasa ing gisiking segara. Kanteb awake,  krengkangan. Ngadeg tiba, angger njenggelek kebanting. Jebule ing ngarepe wis ana naga mangap. Naga kang nguber segara.

“Kowe kena mangsa aku, nanging aku prelu ngerti sopo kowe lan geneya kowe arep mangsa wong ora dosa.” Swarane sang prabu lirih, memelas.

“Aku sing njaga segara kidul. Aku sing ngratoni kraton Nusatembeni kene. Jenengku Naga Balekambang. Ora sah selak dosamu apa? Aku wis ngerti yen kowe kang mateni guruku bapa Kano. Ayo ulungna gulumu.” Sang Ajipamasa isih bias namakake kemitenggengen. Naga Balekambang ketaman Aji Lebur Sakethi, ambyar. Lagi wae Balekambang arep nggubet, wis kedhisikan kagrayang. Ajur kumur-kumur. Ilange naga Balekambang katon wanita sulistya, anteng. Sang Ajipamasa mesingunen, sajak kaya ing pangimpen . Layap-layap wanita kacedhaki. Nanging rumangsa kangelan. Saben dicedhaki saya ngedoh. Nganti wanita kuwi nggebyur ing segara, munggah kethimik-kethimik ing pulo cilik. Kelip-kelip saka kadohan.

“Sang Prabu matur nuwun banget. Kowe bisa ngruwat marang aku. Nalika semana aku tampa dukane hyang Pramesthi, ya marga nggonku tau sesambungan karo titah merca pada. Mula aku watara sepuluh taun kudu nglakoni tapa.” Sang ajipamasa nggragap. Lamat-lamat krungu  swara ngumandhang. Bisane mung ngaturake panuwun.
“Inggih, mboten nginten yen kula inggih badhe nglampahi ingkang mekaten wau.”Isih krungu swara dumeling saka pulo cilik.

“Lan iki minangka tandha gedhening panarimaku , sira tak wenehi piyandel wujud kembang wijaya kusuma. Kembang iki kena kanggo nambani wong lara lan kanggo nguripake wong mati sing durung tekan wancine.”Krasa edhum jagade sang nata bareng nampa bebungah.
“Malah saksemana, gandheng nggonku paring Kembang Wijaya Kusuma iki ana nusa utawa pulo cilik iki, besok papan kene lestaria dadi jeneng Nusakambangan.” Lap  sedhela wae wanita mau ilang kakedhepake. Prabu Ajipamasa mung ngowoh, atine ana rawung. Ing batin semu ngungun . Mesem dhewe.

Kapethik saking: Buku sega rames anggitanipun Drs. Suwardi Endraswara, M. Hum kanthi ewah-ewahan sawetawis

No comments:

Post a Comment