PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Monday 7 September 2015

CERITA PENGALAMAN PRIBADHI

Cariyos Pengalaman Pribadhi

      Ngrembak babagan cariyos pengalaman pribadhi menika mboten saged uwal saking ingkang nama narasi. Bab menika amargi cariyos ingkang dipunserat wonten ing cariyos pengalan pribadhi minangka satunggaling rantaman kedadosan. Kedadosan ingkang sampun kelampahan dipuncariyosaken malih dados satunggal seratan. Amarga kang diandharake iku satunggaling cariyos kedadeyan satemah dipunwastani bcariyos narasi utawi seratan karangan. Wondene seratan narasi menika asipat fiktif tegesipun cariyos menika saged asli utawi dipunlampahi utawi namung rekayasa.
   
     Amarga kedadeyan kala wau asipat subjektif utawi fiktif ananging wonten ing seratan menika kedah wonten ingkang nama (sebab-akibat). Menawi seratan menika mboten wonten sebab lan akibatipun, cariyos menika kirang sae utawi edi menawi dipunwaos. Wonten ing salebeting seratan utawi karang menika wonten ingkang kasebat alur utawi rantamaning kedadosan. Satemah seratan menika kedah wonten ingkang nama pengenalan masalah,utawi wiwitan perkawis, Masalah memuncak utawi Muncakipun perkawis, Penyelesain masalah utawi Cara kagem mungkasi perkawis saha wonten kesimpulan utawi dudutan saking cariyos menika.

       Miterat pemanggihipun (Atar Semi, 2003) Alur menika katingal langkung sae menawi :

  1. Limrahipun mangsuli pitakonan "menapa ingkang dumados"
  2. Arupi kedadosan utawi satunggaling cariyos pribadhi
  3. Ngunggulaken tindak-tanduk utawi tata krama
  4. Wontenipun susunan kronologi
  5. Ngemu unsur konflik/perkawis
  6. Gadhah estetika utawi kaendahan saking segi basa, sastra utawi saneispun.


Paragraf narasi
inggih menika satunggali seratan ingkang wosipun ngandharaken kedadosan saking setunggal prastawa/wekdal dhateng prastawa/wekdal sanesipun kanthi urut saking wiwitan ngantos paripurna prastawa menika.

Adhedhasar ancasipun/tujuwanipun seratan narasi kaperang dados  4  inggih menika :
  1. Narasi Informatif inggih menika seratan narasi ingkang kagungan ancas paring info utawi pawarta ngengingi satunggaling paraga dhateng tiyang sanes. Cariyos saged asipat subjektif.
  2. Narasi ekspositorik inggih menika seratan narasi ingkang ancasipun paring pawarta supados tiyang ingkang maos saya tambah ngelmu. Wosipun kagem ngunggulaken satunggaling pawongan.
  3. Narasi artistik inggih menika seratan narasi kanthi paring maksud tertamtu, ingkang wosipun paring daya khayal utawi imajinatif dhateng pamaosipun..
  4. Narasi sugestif inggih menika seratan narasi kanthi ancas paring piwulang utawi wewarah kanthi cara paring tuladha lumantar cariyos kala wau..

Tititkan Seratan Narasi

Miterat Gorys Keraf (2000, 136)
  1. Nyariosaken babagan tumindak.
  2. Dipuncariyosaken adhedhasar wekdal kedadosan
  3. Mangsuli pitakonan “Prastawa menapa”
  4. Wonten konflik.

Miterat Atar Semi (2003, 31)
  1. Awujud prastawa adhedhasar wekdal saha cariyosipun panyerat.
  2. Prastawa saged awujud prastawa nyata utawi imajinatif.
  3. Adhedhasar konflik
  4. 'Kagungan nilai estetika.
  5. Panyaratipun adhedhasar wekdal kedadosan

Ancas Seratan Narasi
  1. Paring informasi supados tiyang ingkang maos saya wiyar ngelmunipun.
  2. Paring wedharan estetis dhumateng tuyang sanes.

Cengkorongan seratan Narasi
  1. Nemtokaken tema saha piwulang ingkang badhe dipunandharaken
  2. Nemtokaken tiyang ingkang badhe maos.
  3. Rencana cariyos ingkang badhe kaandharen wonten ing seratan menika.
  4. Damel cariyos tambahan kagem panyengkuyung cariyos.
  5. Nemtokaken paraga, watak paraga, latar saha sudut pandang.
  6. Panyeratipun nggatosaken tandha nalika nyerat ukara.
Salebeting seratan (narasi) menika kedah wonten irah-irahan (title, maksud (arientation), Komplikasi (Komplikastion), Resolusi (Resolution). Supados jangkep satunggaling cariyos kedahipun wonten unsur instrinsik, wondene unsur instrinsik kados ing ngandhap menika :
  1. Tema inggih menika underaning rembung kang dadi dhasaring cariyos.
  2. Alur utawi plot inggih menika rantamaning kedadosan wonten ing sajroning cariyos.
  3. Latar utawi Setting inggih menika papan, wekdal, lan swasana kang karaosaken wonten ing salebeting cariyos.
  4. Paraga lan wataking paraga inggih menika sipat lan tindak tanduk para paraga ing cariyos menika.
  5. Pitutur/piwulang/amanat inggih menika pesan moral ingkang saged kapethik saking cariyos menika.
  6. Teknik pandelenging pengarang inggih menika (point of view) cara pengarang/penganggit mriksani satunggaling perkawis limrahipun ngginakaken pandelenging tiyang kapisan (1) lan tiyang tiga (3).

Sanesipun menika wonten ingkang sinebat unsur ekstrinsik cariyos. Magepokan kaliyan  cariyos pengalaman pribadhi kadosta : latar belakang budaya, profesi.

11 comments: