PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Sunday 20 September 2015

SEKAR CAMPURSARI

Pangretosan Campursari
Campursari inggih menika satunggaling tembang jawa ingkang ngemot maneka warni aspek seni. Gamelan ingkang dipunginakaken inggih gamelan modern saha gamelan tradhisional. 

Tembang campursri wiwitan dipuntepangaken dening Ki Narto Sabda nalika piyambakipun nggelar ringgit. Kagem nyelingi dipunginakaken tembang-tembang campursari. Ananging sekar campursari moncer dipuntepangaken dening piyayi Gunung kidul ingkang asesilih Manthous. ingkang kagungan nama asli Sumanto sugiantoro. Sekar campusari dipuntepangaken lumantar grup campursari Maju Lancar.

Paraga ingkang nyekar ing tembang campusari saged tiyang estri utawi jaler. Wondene tiyang estri ingkang pedamelanipun nembang dipunwastani waranggana/swarawati/wiraswarawati, menawi tiyang kakung dipunsebat panggerong utawi wiraswara. Pedamelan dados penyanyi campursari menika ngembrah ing maneka warna laladan. Tuladhanipun wonten Dimas Tedjo, Didi Kempot, Sunyahni, lan sapanunggalanipun. Wondene ingkang asring rancu utawi campur menika waljinah, gesang menika penyanyi keroncong. Dene Ki Narto sabda menika langkung monjo ing pedhalangan.

Adhedhasar jinisipun sekar campursari kaperang dados gangsal (5), inggih kados andharan ing ngandhap menika :
  1. Lagu campursari inggih menika lagu campursari ingkang gadhah greget sante, sigrak. Tuladhanipun gethuk, Nonong, Cucak rawa, mbah dukun lsp.
  2. Sekar gendhing campursari inggih menika jinising campursari ingkang kagungan titikan wonten sekar macapatipun ing salebeting tembang menika. Tuladhanipun Pangkur Kasmaran, Asmarandana semarangan, Kinanthi sandhung, Mijil Kethoprak, Sinom parijatha, lsp.
  3. Gendhing sekar campursari inggih menika langkung saemper kaliyan uyon-uyon ananging wonten tembangipun, ingkang bedakaken boten wonten sekar macapatipun ing salebetipun. Tuladhanipun Puspawarna, Ibu pertiwi, Puspagiwang, Sri Narendra lsp.
  4. Langgam campursari inggih tembang ingkang saemper keroncong ananging abasa jawa. Tembang langgam adatipun wonten tembang bawa kagem miwiti tembang campursarinipun. Tembang ingkang kaginakaken minangka tembang bawa adatipun Dhandhanggula, Asmaradana, Pangkur. Tuladhanipun Caping guung, Nyidham sari, Yen ing tawang ana lintang, Setya tuhu. lsp
  5. Lelagon dolanan campursari inggih menika tembang dolanan jawa ingkang adatipun dipunlagokaken dening para lare anem. Tuladhanipun Ilir-ilir, menthog-menthog, Buta-buta galak, Dhayohe teka.

Menggah ing jaman modern menika ingkang nama campursari namung dipunremeni dening para sepuh. Para lare anem langkung remen tembang ingkang iramanipun sigrak, atos, utawi semangat. 

1 comment: