PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Monday 9 November 2015

MC Pengajian

PRANATACARA BASA JAWA
Asslamu’alaikum wr. Wb
Alhamdulillah hirabbil’alamin wabihi nastangin wa’ala umuridunya wadin asholatu wasalamu ‘ala asrofil ambyaiwal mursalin ama ba’du.
Para sesepuh pinisepuh ingkang satuhu pantes kinabekten
Wonten ngarsanipun para bapak miwah ibu guru ......ingkang pantes kinurmatan,
Ingkang pantes kula hurmati bapa miwah ibu ….
Saha para kaneman ingkang bagya mulya

Mangga ing wekdal menika kula dherekaken ngunjukaken raos puja pangalembana dhumateng Allah SWT ingkang sampun kersa paring karohmatan dhumateng kula lan panjenengan satemah ing wanci menika kula panjenengan saged makempal manunggal wonten ing papan menika saperlu ngadani adicara nama acara kanthi rahayu nir ing sambikala.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi agung Muhammad SAW ingkang tansah kula panjenengan tengga menggah syafaatipun wonten ing donya miwah akhirat. Amin

Para rawuh ingkang kinurmatan.
Nuwun sewu amargi kula sampun kumawantun matur wonten ngarsa panjenengan. Kula ingkang kapiji minangka pranata adicara kepareng ngaturaken rakitaning adicara  Menggah tata urutanipun mekaten :
1.      Pembukaan
2.      Kumandhanging Pustaka suci Al Qur’an
3.      Tanggap sabda/Atur pambagya harja/Paring pangandikan saking
4.      Panutup :
Mekaten menggah reroncening adicara ing wekdal menika, Kangge nyigeg wekdal ingkang sampun dungkap, mangga adicara ing wekdal menika dipunbuka, mangga sesarengan dipunbuka kanthi waosan basmallah kula dherekaken…
Matur nuwun. Mugi kanthi waosan basmallah kala wau acara ing wanci menika saged lumampah kanthi rancak nir ing bebaya.
Adicara urut kalih nun inggih kumadhanging pustaka suci Al Qur’an, Dhumateng sedherek ..kasumanggakaken
Matur nuwun dhumateng ..ingkang sampun kersa maosaken waosan putaka suci Ala Qur’an, mugi saged nambahi iman lan taqwa kula panjenengan
Tumapaking adicara urut tiga nun inggih taggap wacana saking …... Dhumateng panjenenganipun (............................................) kula sumanggakaken.

Matur nuwun dhumateng panjenengan/ sederek…ingkang sampun kersa paring pangandikan.
Menggah adicara urut kalih nun inggih taggap wacana saking …... Dhumateng panjenenganipun (............................................) kula sumanggakaken..
Matur nuwun dhumateng panjenengan/ sederek…ingkang sampun kersa paring pangandikan.

Katitik adicara salajengipun nun inggih medhar sabda saking almukarom bapa kyai....Dhumateng panjenenganipun bapa kyai…, kasumanggakaken..
Matur nuwun dhumateng ….ingkang sampun kersa paring wejangan saha piwulang ing wekdal menika mugya saged kapendhet manfaatipun. allahuma amiin

Para pilenggah kakung saha putri ingkang kula hurmati
Dhawah adicara ingkang pungkasan nun inggih panutup. Ananging saderengipun dipuntutup. Purwa madya dalah wusana anggen kula ndherekaken lampahing adicara kathah lepat saha kirangipun, kula pribadhi nyuwun agunging pangaksama atau mawantu-wantu ngaturaken tebah siti sekul binuntel roning klapa, apuranta mbok bilih wonten lepat kula.

Mangga adicara dipuntutup kanthi maos tahmid kula dherekaken..alhamdulillah.Cekap semanten. WSS

No comments:

Post a Comment