PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Wednesday 6 May 2015

ISTILAH PEWAYANGAN

  1. Cempala inggih menika thuthuk kothak kangem pagelaran ringgit utawa wayang.
  2. Cempurit inggih menika garan wayang.
  3. Kelir inggih menika layar pethak kangge pagelaran ringgit utawa wayang.
  4. Blencong inggih menika lampu ing sanginggiling kelir kagem pagelaran ringgit wacucal.
  5. Simpingan inggih menika panataning wayang ingkang dipuntancepaken ing debog pakeliran sisih kiwa lan tengen.
  6. Titi laras inggih menika dhong dhing utawi runtutipun swanten gamelan.
  7. Perang gagal inggih menika perang ingkang dereng wonten ingkang menang lan kalah lan dereng wonten pepati.
  8. Perang kembang inggih menika perang antawis satriya lawan buta utawa raseksa.
  9. Perang brubuh inggih menika perang amuk-amukan lan kathah pepati.
  10. Kothak wayang inggih menika piranti kangge nyimpen wayang.
  11. Gunungan inggih menika pralambanging alas gung liwang-liwung utawa wana sepi.
  12. Jejer utawa jejeran inggih menika pratandha purwakane pagelaran wayang utawa ringgit.
  13. Tancep kayon inggih menika pratandha bubaran utawi pagelaran wayang sampun paripurna.utawa adhegan nalika para wadyabala padha dikumpulake saperlu perang.
  14. Dhalang inggih menika tiyang ingkang pedamelanipun nglakoke ringgit utawa wayang.
  15. Sindhen/wiraswarawati/swarawati inggih menika tiyang putri ingkang pedamelanipun nembang.
  16. Wiraswara inggih menika tiyang kakung ingkang pedamelanipun nembang.
  17. Waranggana inggih menika tiyang putri ingkang pedamelanipun nembang sinambi nabuh gamelan.
  18. Panggerong inggih menika tiyang kakung ingkang pedamelanipun nembang sinambi nabuh gamelan

No comments:

Post a Comment