PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Saturday 30 May 2015

Parafrase saha Terjemahan Teks Dhapukan Sekar Kinanthi (Nggancar tembang).



Parafrase inggih menika ngewahi dhapukan sekar dados gancaran utawi wujud prosa. Anggitan ingkang dipunwahyakaken lumanter wujud sekar menika ateges mujudaken ekspresi tidak langsung. Tegesipun anggitan menika kanthi basa ingkang mligi (khusus) inggih basa ingkang puitis. Basa ingkang puitis menika adatipun wonten paribasan, saloka, basa kawi, wangsalan, dasanama, lan sapanunggalanipun. Pramila kanthi cara damel parafrase utawi gancaran tembang ateges ngewahi basa rinengga (basa tembang) dados basa limrah utawi umum.

Kanthi cara dipunparafrase satunggaling sekar saged cetha jejer, wasesa, lesanipun (S P O). Amargi wonten ing dhapukan sekar menika dereng cetha pundi jejer, wasesa, lesanipun. Kanthi mekaten parafrase inggih menika ngewahi teks saking dhapukan tembang dados dhapukan gancaran (prosa). Kanthi mekaten langkung gampil menawi badhe njumbuhaken garapan salajengipun inggih menika terjemahan.

Terjemahan utawi alih basa inggih menika nggantos basaning teks dhateng basa sanesipun. Upaminipun basaning teks menika basa jawi kagantos basa Indonesia, kanthi pangangkah tiyang ingkang maos saged pirsa wos saking tembang menika.

Tuladhanipun damel parafrase (nggancar tembang) teks pitutur inggih menika ngewahi dhapukan sekar Kinanthi dados dhapukan gancaran utawi prosa kados ing ngandhap menika :

ll Pitutur //
// Sekar Kinanthi //
Dudu sarat lan mardukun
Tirakat myang njaluk idi
Marang bulus kayu arca
Margane wong dadi priyayi
Mung taberi mardi guna
Ngestoken wajibing kardi

Parafrase / Gancaran tembang
Lampahing tiyang ingkang badhe dados priyantun, inggih tiyang ingkang nggrenggep pangkat menika mboten kenging kanthi sarana pados sarat, mardukun, tirakat kinanthenan nyuwun palilah dhateng kajeng (wit ingkang ageng), utawi reca. Ananging, lampahing tiyang dados priyantun menika dipunsaranani kanthi sregep sarta tlatos nggegulang kapinteran. Sanesipun menika, ugi tansah ngestokaken wajibing agesang (inggih menika setiyar utawi nyambut damel).

Terjemahan
Bagi orang yang ingin menjadi orang yang mempunyai kedudukan itu tidak boleh menggunakan cara minta bantuan dukun, paranormal, minta bantuan makhuk lain, seperti berpuasa, meminta pada pohon atau arca. Akan tetapi, sebagai manusia wajib untuk berusaha dengan cara bekerja.


Sumber : Mulyani, Hesti. 2011. Komprehensi Tulis. Yogyakarta

No comments:

Post a Comment