PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Saturday 19 September 2015

TEMBUNG LUPUT ING BASA JAWA

Tembung ing ngandhap menika tembung-tembung ingkang lepat panganggenipun ananging sampun mrantah utawi umum.
  1. Sahingga (Sehingga)                leresipun satemah
  2. Karawuhan (Kesurupan)          leresipun Rawuh
  3. Nika/niki/niku (ini/itu)             leresipun menika/punika
  4. Ngancik (menginjak)                leresipun dungkap
  5. Karanten (Karena)                    leresipun Amargi
  6. Makempal (- kumpul)               leresipun kempal manunggal/Nyawiji/Pepanggihan
  7. kita (kita)                                   leresipun kula panjenengan/kula lan panjenengan
  8. kula hormati (saya hormati)      leresipun tuhu kinurmatan/kula kurmati
  9. Rayi kula (adikku)                     leresipun adhi kula
  10. Dipunsampekaken (disampaikan) leresipun dipunaturaken/dipunslirani
  11. Ketigen (kemarau)                    leresipun ketiga
  12. Sambutan (sambutan)               leresipun medhar sabda/tanggap sabda.
  13. Khususipun (khususnya)          leresipun mliginipun 
  14. Nggadhahi (mempunyai)          leresipun gadhah 
  15. Kula ingkang bekta acara          leresipun kula minangka pranatacara
  16. Wonten pangarsanipun             leresipun wonten ngarsanipun
  17. Sepindhah (pertama)                leresipun sepisan
  18. Dipunmilai  (dimulai)               leresipun  dipunwiwiti
  19. Dipunmulyakaken (dimuliakan)            leresipun minulya (org meninggal)
  20. Dipunpajatken (memanjatkan)    leresipun konjuk
  21. Rencang-rencang  (teman)          leresipun kanca
  22. Susunan                                       leresipun ranataman
  23. Para lenggah (orang yang duduk)        leresipun para pilenggah/para ingkang sami lnggah
  24. Pembuka                                       leresipun pambuka
  25. Penutup                                         leresipun panutup
  26. Serta                                              leresipun sarta
  27. Para bapak-bapak                         leresipun para bapak/bapak-bapak
  28. Para ibu-ibu                                  leresipun para ibu/ibu-ibu
  29. Acara ingkang kalih                      leresipun acara ingkang kaping kalih
  30. Lir ing sambikala                          leresipun nir ing sambikala
  31. Wonten ing mriki                          leresipun wonten ing ngriki/ wonten ing papan menika
  32. Wakil/perwakilan                          leresipun sesulih/sulih srira


    No comments:

    Post a Comment