PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Tuesday 8 September 2015

LOMBA SESORAH AKSARA JAWA

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Kasugengan miwah karaharjan mugi tansah sinandhing dhateng panjengan sedaya.
Wonten ngarsanipun dewan juri lomba sesorah ingkang pantes kinurmatan
Para bapak miwah ibu guru pendamping ingkang pantes sinudarsana
Para tamu uleman kakung sumawana putri ingkang pantes kula hormati
Mboten katamlumpen kanca-kanca lomba sesorah basa jawi ingkang bagya mulya.
Linambaran tulusing galih, mangga kula panjenengan tansah ngunjukaken raos puja pangalembana wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Welas Asih, awit nikmat miwah rahmatipun kula panjenengan saged kempa manunggal wonten ing ari kalodhangan wekdal menika kanthi ginajar suka nir ing sambikala.

Para rawuh ingkang pantes sinudarsana
Manungsa sejati inggih manungsa ingkang emot lan tansah njunjung budaya luhur tilaranipun para kina. Salah satunggalipun inggih wujud aksara jawa.  Aksara jawa inggih satunggaling seratan ingkang satuhu kebak ing pralampita, kebak ing piwulang adi luhung. Piwulang menapa ingkang estunipun sinerat wonten ing serata aksara jawa.?
Nora kurang wulang wuruk
Tumprape wong tanah jawi
Laku-lakune ngagesang
Lamun gelem anglakoni
Tegese aksara jawa
Iku guru kang sejati.
Terang terwaca menapa ingkang kaandharaken saking sekar kinanthi menika. Aksara jawa ingkang kebak ing wulang wuruk, piwulang aji, menawi dipun gladhi satemah saged dados pedhoman kagem umat manungsa.

Para rawuh ingkang kinurmatan
Aksara jawa katitik saking cariyosipun, inggih cariyos Ajisaka.
Ha Na Ca Ra Ka : Ana utusan ( Kacariyos wonten utusan ingkang nama Dora lan Sembada)
Gusti Allah nyipta manungsa ing donya menika saperlu paring dhawuh saha amanat supados manungsa menika damel makmuripun bumi ngalam donya kanthi tumindak sae.
 Da Ta Sa Wa La : Padha sulaya (Padha sulaya amargi beda ing rembugipun)
Manungsa cinipta dening Gusti Allah menika kedah ndherek dhawuh mboten pikantuk ngeyel utawi kumawantun dhateng sedaya dhawuhipun Gusti Allah.
Pa Dha Ja Ya Nya : Padha paten-patenan (Padha cecengilan lan paten patenan)
Gesang ing ngalam donya manungsa mboten pikantuk kumalungkung utawi ngegungaken sapa aku, ananging kedah nglenggana lan sadar menawi manungsa menika naming titah sawawantah kedah ndhingkluk kados ngelmu pantun, samsaya isi samsaya ndhungkluk, mboten ndengangak kados pantun ingkang gabuk.
Ma Ga Ba Tha Nga : Padha mati samyuh. (Sami mati samyuh utasan kala wau)
Minangka makhluk ingkang gadhah pengeran kedahipun tansah sumarah lan pasrah wonten ngarsanipun Allah satemah saged dados manungsa sejati.

Para rawuh ingkang kinurmatan
Menawi dipunpriksani saking cariyos kala wau. Terang menawi setia tuhu dhateng bendara menika wajib sinaosa kedah nyawa kagem taruhanipun. Ndherek dhawuhipun bendara menika satunggaling kwajibanipun kawula. Menawi ngantos kawula ingkar dhateng bendaranipun tegesipun mboten saged dipunpitadosi kawula ingkang kados mekaten sinebat kawula ingkang munafik.
Sanesipun piwulang menika aksara jawa ing tata panyeratipun ugi kebak ing filosofi. Panyerating aksara jawa ingkang mboten pikantuk dipunpedhot minangka pralambanging manungsa gesang ing donya menika kedah satunggal margi tegesipun kedah tumindak sae. Sanes menika ugi panyeratipun kedah nggandhul mboten pikantuk kasrah kenging garis ngandhap. Teges saking makna menika mratandhani menawi manungsa ing donya menika gumantung dhateng pengeranipun. Satemah manungsa mboten pikantuk kumalungkung gumedhe dhateng sesaminipun.

Para Pilenggah ingkang kinurmatan
Mboten sakeca menawi kula matur kathah-kathah, Kupat duduhe santen menawi lepat nyuwun pangapunten. Kirang langkung atur kula, miwah subasita ingkang kirang trep nyuwun gunging pangaksama. Kula pungkasi.

Wasalamu’alaikum Wr. Wb

No comments:

Post a Comment