PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Tuesday 29 September 2015

SEKAR MACAPAT


Pangretosan Sekar Macapat

Tembang/sekar inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran  tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken nganggé kagunan swanten (Padmosoekotjo,1960:25). Macapat menika sekar tradhisional ing tlatah Jawa. Macapat ugi mrathah wonten ing kabudayan Bali, Madura, saha Sunda. Menawi dipuntingali saking rata basa, macapat menika tegesipun maca papat-papat.  Maosipun sekar macapat pancèn wonten ingkang rinakit saben sekawan wanda (sukukata). Nanging boten sedaya gatra sekar macapat saged kawaos papat-papat.

Sekar menika kinten-kinten tembé mawon wonten ing  pungkasaning jaman Majapahit saha wiwitan  walisanga nyepeng kuwasa. Nanging menika ugidèrèng mesthi,  amargi boten  wonten ingkang gathuk saged mesthèkan. Macapat kathah dipunanggé ing sapérangan Sastra  Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Énggal. Menawi dipunsandhingaken kaliyan Kakawin, paugeran-paugeran utawi metrum ing sekar macapat langkung gampil. Kitab-kitab jaman Mataram Énggal, kados déWédhatama, Wulangrèh,  Serat Wirid Hidayat Jati, Kalatidha, saha sanès-sanèsipun dipunrakit nganggé sekar macapat. Paugeran-paugeran menika wonten ing:

1.      Guru gatra       : cacahing wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia:bait).
2.      Guru wilangan : cacahing wilangan wanda (Indonesia:suku kata) saben gatra.
3.      Guru lagu        : tibané swara ing pungkasaning saben gatra.

Panyekaring tembang macapat menika temtunipun kedah kaselarasaken kaliyan titi laras (notasi), laras, saha pathetipun gamelan. Déné urut-urutanipun sekar macapat menika sami kaliyan lampahing manungsa saking jabang bayi abang dumugi tumekaning pejah.Mungguh urut-urutanipun sekar, kadosta mekaten:

       1.      Maskumambang.Gambaranipun jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhutan
           ibunipun, dèrèng kawruhan  jalèr utawi èstri. Mas tegesipun dèrèng ningali kakun
           utawi èstri, kumambang tegesipun gesang ngambang wontening kandhutan ibunipun.
       2.      Mijil.tegesipun sampun miyos saha cetha kakung utawi èstri.
       3.      Sinom.tegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigati kanggenipun
             tiyang anom supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun.
       4.      Kinanthi.Saking tembung kanthi utawi tuntuning kang ateges dipuntuntun supados  
            saged mlampah ngambah panguripaning alam ndonya.
       5.      Asmarandana.Ateges  rasa   tresna, tresna  marang   liyan (jalèr saha   èstri saha   kosok
              wangsulipun) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat Ilahi.
      6.      Gambuh. Saking tembung jumbuh/sarujuk ingkang ateges bilih sampu
            jumbuh/sarujuk lajeng dipungathukaken antawisipun kakung saha jaler ingkang sami-sami 
            nggadahi raos tresna wau,ing pangangkah supados sageda gesang bebrayan.
      7.      Dhandhanggula.Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen,menapa ingkang 
            dipungayuh saged kasembadan. Kelakon gadhah sisihan/kulawarga, gadhah putra,gesan
            cekap kanggé  sakulawarga.  Pramila   menika  tiyang  ingkang  saweg  bungah/ bombong
            penggalihipun, saged dipunwastani sekar dhandhanggula.
      8.      Durma.Saking tembung darma/wèwèh. Tiyang bilih sampun rumaos kacukupan 
           gesangipun, banjur tuwuh raos welas asih marang kadang mitra sanèsipun ingkang 
           sawenandhang katresnan, pramila banjur  tuwuh raos kekarepan darma/wèwèh marang
           sapadha-padha. Sedaya  wau  dipunsengkuyung  ugi  saking  piwulangipun  agami 
           saha  watak  sosialipun manungsa.
     9.       Pangkur. Saking tembung mungkur ingkang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara
            murka. Ingkang dipunpenggalih kekarepan tansah wèwèh marang sapadha-padha.
    10.    Megatruh.Saking tembung megatroh utawi pegatrohipun/nyawanipun,awit sampun
            titi wancinipun katimbalan marak sowan mring Sang Maha Kawasa.
     11.   Pocung.Bilih sampun dados layon/mayit banjur dipunbungkus mori putih utawi  
            dipocong sadèrèngipun kasarèkaken

Saged ugi kababar kados mekaten:

Manungsa lair ing ngalam donya medal saking guwa garba (Mijil), nalika taksih alit kedah dipuntuntun utawi dipunkanthi (Kinanthi), bilih sampun mudha taruna (Sinom), gadhah raos tresna utawi paring katresnan  marang  tiyang sanès (Asmaradana). Ingkang saweg nandhang asmara swasananipun ketingal éndah saha manis (Dhandhanggula). Sasampunipun mengku kulawarga kedah mangertos (Gambuh) marang prakaraning gesang. Menawi sampun sepuh gesang bakal ngambang (Maskumambang) menggalih donya saha akhérat. Tambah sansaya mundur (Durma) mungkuring kadonyan (Pangkur) ngadhepi akhérat mula  genturng ibadah. Sasampunipun pejah ateges pegat ruhipun (Megatruh). Banjur dibuntel utawi dipunpocong (Pocung).

Tabel Sekar
Supados langkung gampil mbédakan setunggal sahsetunggalipun, inggih menika  guru gatra, guru wilangan saha guru lagu saking sekar-sekar wau, saged dipuntata jroning tabel kados ing ngandhap menika:

Guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu tembang macapat
NO
JenengéTembang
Guru
Gatra
Guruwilangan
GuruLagu
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
1.
Maskumambang
4
12i
6a
8i
8a






2.
Pocung
4
12u
6a
8i
12a






3.
Gambuh
5
7u
10u
12i
8u
8o





4.
Megatruh
5
12u
8i
8u
8i
8o





5.
Mijil
6
10i
6o
10e
10i
6i
6u




6.
Kinanthi
6
8u
8i
8a
8i
8a
8i




7.
Asmaradana
7
8i
8a
8e/o
8a
7a
8u
8a



8.
Durma
7
12a
7i
6a
7a
8i
5a
7i



9.
Pangkur
7
8a
11i
8u
7a
12u
8a
8i



10.
Sinom
9
8a
8i
8a
8i
7i
8u
7a
8i
12a

11.
Dhandhanggula
10
10i
10a
8e
7u
9i
7a
6u
8a
12i
7a

(karangkum saking pinten-pinten sumber)

2 comments: