PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Wednesday 9 September 2015

PARIWARA/IKLAN

Pangretosan Pariwara/Iklan
Pariwara utawi iklan inggih menika pakaryan kagem maringi informasi utawi pawarta babagan barang utawa jasa ingkang migunakaken media massa sae menika media cethak utawi media elektronik.
Pariwara utawi Iklan gadhah paugeran-paugeran tertamtu, kadosta :
1)   Iklan migunaake media massa kagem maringaken kabar..
2)   Migunaake sponsor kanggo narik kawigaten.
3)   Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak utawa masyarakat.
4)   Nduweni ancas kanggo golek audiens utawa kang ngerteni seakeh-akehe.

Miterat Jinisipun iklan kaperang kados ing nagndhap menika :
A.   Iklan adhedhasar tujuanipun :
1.    Iklan Informatif
     Iklan informatif inggih menika iklan ingkang gadhah paugeran :
a)    Gadhah ancas mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk  
      kang wes ana.
b)    Paring andharan tata caranipun kerja satunggaling produk.
c)    Paring infrmasi regi saha wujuding produk
d)    Ngoreksi lan nyaring panyaruwe produk

Tuladhane iklan informatif yaiku iklan hp Sony Ericsson Z550i, iklan Dji Sam Soe, iklan Coca Cola.
2.    Iklan Persuasif
     Iklan persuasif nduweni paugeran,inggih menika :
a)    Nduweni tujuan nyiptakno utawa kesenengan, ngajak, preferensi lan keyakinan, sahinggo 
     konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa.
b)    Nganjurno khalayak milih merk tertentu.
c)    Nganjurno kalayak supadosmundhut barang kasebat.
d)    Ngubah persepsi konsumen.
e)    Mbujuk khalayak tuku saiki.
Tuladhane iklan persuasif yaiku, iklan Samsung Slim Fit T, iklan Canon Printer PIXMA iP1200.
3.    Iklan reminder
     Iklan reminder gadhah paugeran, inggih menika :
a)   Nduweni tujuan utawa ancas ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.
b)   Ngilingno konsumen tuku produk iku.
c)   Njaga kesadaran produk.
d)   Njalin hubungan apik karo kosumen.
Tuladha : iklan Vita Zone, iklan Hotel Santika Malang, iklan Simpati Jitu.

B.       Iklan umum
1.    Iklan Tanggung Jawab Sosial
     Iklan tanggung jawab sosial, inggih menika iklan ingkang gadhah tujuan nyebarno pesan kang nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap warga, sahinggo nduweni tanggung jawab marrang masalah sosial. Tuladha : iklan anjuran, lan iklan penggambaran sosial.
2.    Iklan Bantahan
      Iklan bantahan yaiku iklan kang digunakake mbantah utawa nglawan isu kang nggawe rugi dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener. Ciri khas iklan iki yaiku ndheleh komunikator  gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi pihak liya. Tujuan iklan bantahan yaiku: ngilimisi iklan kang ora bener lan ora nguntungno; nglurusno isu ing porsi kang bener, sesuai karo maksud perusahaan; mbangun simpati khalayak; mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang bener.

3.    Iklan Pembelaan
   Iklan pembelaan yaiku ‘lawan’ saka iklan bantahan. Tujuan saka iklan iki yaiku supaya oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku iklan kang kaiket karo hak paten.

4.    Iklan Perbaikan
     Iklan perbaikan yaiku iklan kanggo mbenakno layang-layang  bab hal kang wes kahung keliru lan disebarake nganggo media. Istilah lain iklan iki yaiku iklan ralat utawa iklan pembetulan. Iklan iki nduweni tujuan kanggo ngralat informasi sing keliru, sahinggo publik tetep oleh informasi kang bener.

5.    Iklan Keluarga
     Iklan keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange  pemberitahuan saka pengiklan bab kedadiane peristiwa kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Iklan keluarga biasane luwih akeh rupa iklan kolom lan display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang tulis. Tuladhane yaiku iklan bab kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane.

C.       Iklan khusus
1.    Iklan kang nganggo dasar media kang digunakake :
a)    Iklan Cetak yaiku iklan kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak. Tuladhane, 
      yaiku:iklan cetak surat kabar, iklan cetak baliho, iklan cetak poster, iklan spanduk, lan liya-liyane.
b)    Iklan Elektronik yaiku iklan kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.

2.    Iklan kang nganggo dasar tujuan iklan :
a)   Iklan Komersial yaiku iklan bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan ekonomi. 
     Iklan komersial dibagi dadi telung jenis iklan, yaiku iklan kanggo konsumen, kanggo bisnis lan 
     iklan kanggo profesional.
b)  Iklan Non Komersial yaiku iklan kang digunakake kanggo nyampekake informasi, ndidik 
     khalayak.

3.    Iklan kang nganggo dasar bidang isi layang :
a)         Iklan Politik.
b)        Iklan Pendidikan.
c)         Iklan Kesehatan.
d)        Iklan kecantikan lan perawatan tubuh.
e)         Iklan Pariwisata.
f)         Iklan hiburan.
g)        Iklan Olah Raga.
h)        Iklan Hukum.
i)          Iklan Lowongan Pekerjaan / Recruitment.
j)          Iklan Duka Cita.
k)        Iklan Perkawinan.
l)          Iklan panganan lan ombean.
m)      Iklan Otomotif.
n)        Iklan lingkungan Hidup.
o)        Iklan Media.

4.    Iklan kang nganggo dasar komunikatore
a)         Iklan Personal.
b)        Iklan Keluarga.
c)         Iklan Instusi.

5.    Iklan kang nganggo dasar cakupan
a)   Iklan Lokal yaiku iklan kang cakupan khalayak sasaran kang dituju ana ing wilayah lokal, kayata 
     pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten.
b)   Iklan Regional yaiku iklan kang cakupan khalayak luwih saka siji wilayah lokal.
c)   Iklan Nasional yaiku iklan kang target konsumen ana ing kabeh wilayah negara.
d)   Iklan Internasional yaiku iklan kang mbidik khalayak kang njangkau trans nasional utawa luwih 
     saka siji negara.

6.    Iklan kang nganggo dasar fungsi
a)     Iklan Informasi yaiku iklan kang nitik beratke isi kanggo  informasi kanggo khalayak.
b)     Iklan Persuasi yaiku iklan kang nitik beratke ing upaya ngaruhi khalayak kanggo nglakokake  
      penggawean.
c)    Iklan mendidik yaiku iklan kang nitik beratke ing tujuan ndidik khalayak, supaya khalayak ngerti  
      lan nduwe pengetahuan.
d)     Iklan Parodi/Hiburan yaiku iklan kang digawe kanggo keperluan guyonan.

Kapethik saking : http://ela567.blogspot.com/2014/11/pengertian-dan-jenis-jenis-iklan-dalam.html kanthi ewah-ewahan sawetawis

1 comment: