PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Thursday 14 July 2016

AKSARA JAWA

Sujarahipun Aksara Jawa

Wonten ing buku HA NA CA RA KA (Bp. Slamet Riyadi) wedharan Yayasan Pustaka Nusantara Yogyakarta dipunandharaken manawi ngrembag sujarahipun aksara Jawa enggal ingkang ugi dipunsebat sastra sarimbagan utawa carakan menika mboten saged uwal saking bab lairipun saha pandhapukipun aksara kasebat. Miturut Bp Slamet Riyadi wonten ing bukunnipun kang isi lairipun, pangrakitipun, piguna, saha maknanipun Ha-Na-Ca-Ra-Ka kasebut wonten  konsepsi cacah kalih kangem nlusur lairipun aksara Jawa saha pangrakitipun abjad ha-na-ca-ra-ka, inggih konsepsi secara tradisional.

KONSEPSI TRADISIONAL

Adhedhasar konsepsi tradisional lairipun aksara Jawa dipun jumbuhaken kaliyan Legenda Aji Saka, Cariyos ingkang dipuncariyosaken turun-temurun awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon lan perang tandhingipun Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakanipun Aji Saka ingkang kedahipun dipunreksa sesarengan wonten ing pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi.

Nalika badhe angejawa, Aji Saka ingkang dipundherekaken para abdinipun ingkang Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara dangunipun. Saderengipun nerusaken lampah angejawa, Aji Saka nilar pusaka awujud keris. Dora lan Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo Majeti njupuk pusaka kasebut. Aji Saka lajeng nerusaken lampah dipunkanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan Sembada tetep wonten ing pulo Majeti ngreksa pusaka.

Sawetara dangunipun, Dora lan Sembada miring warta Aji Saka wis dados ratu ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada ninggalaken pulo Majeti ngaturaken pusaka marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh mboten purun dipunajak awit nuhoni dhawuhipun Aji Saka, Kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggawa keris. Marang Aji Saka si Dora kanthi atur dora/ngapusi wadul warna-warna.

Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo Majeti. Gelem ora gelem Sembada kedah dipunajak dhateng Medhangkamulan kanthi mbekta keris pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran panggah mboten pitados kaliyan palapuranipun Dora. Sembada puguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya manawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan. Lelorone padha padudon rebut bener, banjur pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha mati sampyuh ketaman keris sing dienggo rebutan.

Sawise sawatara danginipun Dora mboten sowan maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang pulo Majeti. Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada.
Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah wong puluh wiwit saka HA nganti NGA.

HA NA CA RA KA
Ana caraka (utusan)

DA TA SA WA LA
Padha suwala (padudon, pancakara)

PA DHA JA YA NYA
Padha dene digdayane (sektine)

MA GA BA THA NGA
Wasana padha dadi bathang (mati samyuh)


Menika konsepsi tradisional bab lairipun lan pangrakitipun aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa ingkang 20 cacahipun lan dipunrakit dados sekawan larik menika, mujudaken guritan ingkang gampil dipunapalaken lan dipuneling-eling (memoteknik), mliginipun tumrap ingkang  nembe wiwit sinau maca lan nyerat aksara Jawa. Abjad ingkang kados guritan lan dipungathukaken kaliyan legenda Aji Saka kala wau sanget narik kawigaten menawi dipunkantheni gambar padudon, perang tanding lan mati sampyuhe Dora lan Sembada.

Kapethik : Saking Maneka warni sumber (google, buku, lsp)

No comments:

Post a Comment