PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Tuesday 5 May 2015

PIDATO MC BASA JAWA



Asslamu’alaikum wr. Wb
Alhamdulillah hirabbil’alamin wabihi nastangin wa’ala umuridunya wadin asholatu wasalamu ‘ala asrofil ambyaiwal mursalin ama ba’du.
Ingkang pantes pinundhi bapa pangarsa SMA
Wonten ngarsanipun para bapak miwah ibu guru ......ingkang pantes kinurmatan,
Wonten ngarsanipun para bapak miwah ibu dewan juri  ingkang pantes kinurmatan,
Ingkang pantes kula hurmati bapa miwah ibu guru
Ingkang pantes kula hurmati bapa miwah ibu guru pendamping. miwah
Para pasarta lomba ingkang bagya mulya

Mangga ing ri kalenggahan menika tansah kula dherekaken ngunjukaken raos puja pangalembana dhumateng Allah SWT ingkang sampun kersa paring karohmatan dhumateng kula lan panjenengan satemah ing wanci menika kula panjenengan saged makempal manunggal wonten papan menika saperlu ngadani adicara Lomba kanthi rahayu nir ing sambikala.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi agung Muhammad SAW ingkang tansah kula panjenengan tengga menggah syafaatipun wonten ing donya miwah akhirat. Amin

Para rawuh ingkang kinurmatan.
Nuwun sewu amargi kula sampun kumawantun matur wonten ngarsa panjenengan. Kula ingkang kapatah minangka pranata adicara kepareng ngaturaken rakitaning adicara Pembukaan Lomba ing wekdal menika. Menggah rantamanipun mekaten :
Sapisan pambuka, kalajengaken adicara urut kalih tanggap wacana saking kadang panitya, Menggah acara urut tiga tanggap wacana saking bapa pangarsa. Kalajengaken panutup minangka adicara urut sekawan.
Mekaten mengga reroncening adicara ing wekdal menika, Kangge nyigek wekdal ingkang sampun dungkap, mangg adicara ing wekdal menika dipunbuka sesarengan kanthi waosan basmallah kula dherekaken…
Matur nuwun. Mugi kanthi waosan basmallah kala wau acara ing wanci menika saged lumampah kanthi rancak nir ing bebaya.
Tumapaking adicara urut kalih nun inggih taggap wacana saking kadang panitya. Dhumateng panjenenganipun (............................................) kula sumanggakaken..
Matur nuwun dhumateng panjenengan/ sederek…ingkang sampun kersa paring pangandikan.
Para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan
Tumapaking adicara urut tiga nun inggih tanggap sabda saha paring pratandha dipunbukanipun LOMBA saking panjenenganipun bapa pangarsa SMA dhumateng bapa ..... wekdal kasumanggakaken...
Matur nuwun dhumateng panjenenganipun bapa ..... Hum ingkang sampun kersa paring pangandikan miwah buka acara ... ing wanci menika.
Dhawah adicara ingkang pungkasan nun inggih panutup. Ananging saderengipun dipuntutup. Purwa madya dalah wusana anggen kula ndherekaken lampahing adicara kathah lepat saha kirangipun kula pribadhi miwah panitiya nyuwun mawantu-wantu ngaturaken tebah siti sekul binuntel roning klapa, apuranta mbok bilih wonten lepat kula.
Mangga adicara dipuntutup kanthi maos tahmid kula dherekaken ...alhamdulillah...Cekap semanten….
Wasalamu’alaikum Wr Wb

No comments:

Post a Comment