PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Tuesday 29 September 2015

TULADHA CERKAK




PIWELINGE GUSTI

Anggitanipun Inge Yasmin
Siswa SMA N 2 Yogyakarta
***
Wekdal menika sasampunipun Laksita lulus saking Sekolah Menengah Pertama piyambakipun nerasaken wonten ing Sekolah Menengah Atas ing kutha, kawontenan ingkang benten, amargi awit wiwit alit piyambakipun sekolah wonten ing dhusun. Sasanesipun  kepingin pawulangan ingkang langkung sae piyambakipun inggih kepingin supados gadhah pengalaman ingkang langkung, kanthi srawung kaliyan lare kutha. Ananging sedaya punika mboten sanes dipungayuh amargi Laksita menika lare ingkang lantip, sregep, tur nggih sembodo. Lare ingkang sae ingkang ndherek dhumateng sedaya dhawuhipun tiyang sepuh, ugi sregep anggenipun ngibadah. Laksita ugi kerep mulang ngaji lare-lare alit wonten ing dhusunipun. Sampun salimrahipun menawi Laksita saged ketampi wonten ing sekolah sae ing kutha. Ananging gesang menika nggih adil wonten kaluwihanipun saha kakiranganipun, Laksita gesang wonten ing kulawarga ingkang mboten jangkep, bapak lan ibunipun sampun dangu pisah.
Dasaripun lare ingkang sae tur inggih beja, Laksita kang lantip ugi sumeh menika dados lare ingkang misuwur wonten ing sekolahipun. Tundhanipun sinten mawon sami rebatan supados saged dados kanca ingkang raket kaliyan Laksita. Ananging wonten satunggaling dinten sasampunipun tampi raport semesteran, Laksita rumaos minder marang kanca liyan ingkang mendhet rapot sareng bapak lan ibunipun, Laksita minder amargi wiwit alit wonten griya sesarengan bapak lan ibunipun ingkang dipunpengenaken mawon mboten nate kelampahan menapa malih mendhet rapot kaliyan bapak lan ibunipun
Sasampunipun mendhet rapot menika, wonten ing griya Laksita namung nglamun kemawon. Mirsani  Laksita ingkang mendhel mawon ibunipun lajeng tangklet Laksita.
“Ta, koe ki sajakke ngopo to kok ketok sedhih ngono. Lak ya kudune seneng sujud syukur diparingi ringking setunggal senajan koe ki ya mung wong ndeso ki neng ya ora kalah karo wong kutho?”, pitaken ibunipun.
“Mboten kok Bu, mboten nopo-nopo. Inggih Bu, Laksita saged dados kados menika inggih amargi Ibu. Bu kula tak medal rumiyin nggih, badhe mlampah-mlampah pados hawa ingkang seger”, wangsulanipun Laksita ingkang boten pengen crita jujur amargi njagi raosipun ibunipun.
“Wola yawes kono, ojo wengi-wengi lehmu bali”, welingipun Ibu.
Sajatosipun Laksita mboten ngertos badhe kesah dhateng pundi, ananging tinimbang dipuntakeni kaliyan ibunipun, mboten sekeca menawi crita menapa ingkang dipunraosaken. Lajeng Laksita kesah dhateng warung kopi celak griyanipun. Wonten ing warung kopi menika Laksita kepanggih kanca sekolahipun, larenipun inggil, ayu, tur nggih modis amargi kancanipun menika tumut grub dance wonten ing sekolahanipun, Sinta naminipun. Sintha ingkang ngertos Laksita nglamun wonten ing warung kopi piyambakkan lajeng murugi Laksita.
“Heeh.. Ta, koe ki kesambet opo awan-awan kok ya wes nglamun wae..hehe” undangipun Sintha kaliyan ngageti Laksita.
“Weh Sintha... awakmu seneng tenan nek gawe aku kaget. Kawit kapan koe neng kene? Mbok lingguh kene.” Wangsulanipun Laksita
“Welha...aku ki lakya ket mau wes ngantri bareng kancaku neng mejo mburi kono. Koe ki keneng apa to Ta kok sajakke lagi GEGANA, Gelisah Galau Merana” wangsulanipun Sintha ingkang ngguyani Laksita.
“Ha kok koe perhatian banget ro aku, aku rapopo kok. Kesepian wae prei-prei bibar raportan kaya ngene” wangsulanipun Laksita ingkang nutupi menapa wontenipun amargi mboten sekeca menawi crita dhumateng Sintha amargi nggih piyambakipun mboten celak sanget.
“Lha tinimbang koe mung nglamun ora cetho kaya ngono kui mendhing koe sesuk melu aku wae. Jam 10 tit tak tungguni neng warung kene ya. Awit aku ya ijeh ono acara meneh je sore iki, aku pamitan ya Ta”, wangsulanipun sinambi mbayar kopi ingkang diombe Shinta.
Dereng sios mangsuli, Sintha sampun bidhal langkung rumiyin.
Wonten griya Laksita meniko menggalih, “ aku mau arep dijak nengdi ya, yawes rapopo sesuk tak nyuwun idin marang ibu, mbok menawa kui ya iso ngilangake rasa pangunek-unekku”, kandhanipun dhateng dhirinipun pribadi.
***

Enjingipun wangsul saking nderekaken ibunipun wonten ing peken, Laksita lajeng pamit dhumateng ibunipun menawi badhe dolan kaliyan kancanipun.
“Bu, kula nyuwun pamit badhe dolan kaliyan kanca nggih Bu”, pamitipun.
“Kok kadigaren koe dolan biasane mung mlungker ono ngomah. Yawes kono ning ora pareng aneh-aneh, tur ya aja lali yen wayahe koe ngibadah ya ndang solat” waksulanipun ibu.
“Inggih bu...Siap!”, celathune
Sasampunipun  dumugi warung, Sinta ingkang sampun dandan dhemes, ayu, kadhos artis menika sampun nenggani Laksita.
“Koe kui sajakke arep ngajak aku nangdi kok wes dandan ayu ngono kui?”, pitakone Laksita.
“Lo.. karang ya bocah wadon nangdi-nangdi ya kudu nggatekake penampilan. Uwes koe melu wae rausah kakean takon.”, sinambi nggeret Laksita mlebet ing mobilipun.
“Pak wonten tempat biasa nggih”, kandhanipun Shinta dhumateng sopire.
Amargi Laksita awis-awis dolan wonten ing kutha, kejawi namung kangge sekolah, rikala wonten ing nglebet mobil Laksita namung saged nggumun. Mobil menika tumuju dhateng kutha. Sasampunipun, mobil mandeg ing ngajeng mal ingkang ageng sanget.
“Wes ndang ora nglamun wae, aya mudun” undangipun Sintha ingkang sampun mandhap rumiyin.
Wekdal menika jam setengah kalih welas, lajeng Laksita dipunjak mubeng-mubeng kaliyan Sintha. Ndilalah kepanggih kanca-kanca SMA, wonten ing rombongan menika wonten ingkang naminipun Asan, pacare Sintha. Lajeng Laksita dipunjak nonton bioskop sareng Sintha lan rombongan menika wau. Sasampunipun tumbas tiket, sami nunggu amargi filmipun dipunwiwiti jam kalih siyang. Ing selo-selo nengga Laksita kemutan dhawuhipun ibunipun menawi mboten angsal kesupen nindhakaken solat. Lajeng Laksita ngajak Sintha lan kanca-kancanipun.
“Kanca-kanca awit wis tiba mangsa solat, mbok aya solat ndisik” ajakke Laksita.
Kancane namung ndomblong banjur ngguyu. Sintha banjur nyauri “Koe kui ya ndagel kok mbok ya mengko wae le solat neng ngomah, neng kene  kui tempat kang nggo seneng-seneng ora ono kui tempat solat, tur nek ndadak metu ya mengko ndak ketinggalan lehmu nonton film e”
Amargi mboten ngertos papan panggonan kangge solat, Laksita nggih namung manut kemawon amargi ajrih menawi kesasar anggenipun madosi papan kangge solat.
Sasampunipun nengga dangu, tandha menawi film sampun badhe dipunputer sampun dipunumumakaken. Laksita lan kanca-kanca lajeng mlebet wonten ing bisokop. Film dangunipun 2 jam, dados sami medal saking bioskop jam sekawan sonten. Sasampunipun medal, Laksita kemutan malih dhawuhipun ibu menawi mboten angsal ninggalaken solat. Getun mboten katulungan ngertos menawi wekdal solat luhur sampun telas lan sampun mlebet wayah asar. Laksita lajeng guneman lan ngomong kaliyan Sintha.
“Sin, bibar iki koe lak ya gelem ngeterake aku mandeg solat sikek to” panjalukke Laksita.
“iya, mengko gampang, ananging aku arep mampi madhang sikek ya tak bayari wes.” Wangsulane.
“Ya,” kandane Laksita amargi nggih mboten kepenak menawi arep nolak.
Bibar anggenipun sami maem, wonten ing mergi Sintha ngomong “Nek solate neng ngomah wae lak ora popo to Ta, iki nanggung je dalane ya rame”.
Laksita nggih namung saged mendel lan mbatos muwun rumaos sampun mboten manut dhawuhe ibunipun. Ndilalah wonten ing margi ingkang 15 menit malih sampun dugi  griya.
“Grubyaaaakkk....!”
Ujug-ujug mobilipun Sinta nambrak trotoar. Mobil kang wiwitanipun mulus lajeng babak bundas tibaneng mburi. Sinta, pak sopir, ugi Laksita dipuntulungi warga awit luka ingkang parah, lajeng dipunplajaraken wonten ing griya sakit.
Wangsul saking griya sakit, ibunipun Laksita ingkang lagi kondhur magriban kaget pirsa kawontenan larenipun ingkang kebak perban.
“Duh anakku koe seko ngendi kok dadi kaya ngene”, pitaken ibunipun
“Nyuwun ngapura Bu, kula wau dipunjak dolan kaliyan rencang. Banjur kenging  kecelakaan. Kula ngrasa dosa marang ibu, awit mboten nggugu kandhane ibu, amargi kula wau tasih seneng-seneng kesupen anggen kula ngibadah”, wangsulane Laksita kanthi nangis.
“Woalah nok, koe mau banjur ora solat? Wo ya kui welinge gusti marang koe. Wes kapok to nek wes ngene ki? Wes saiki ndang resikki awakke banjur solat nyuwun pangapura dumateng gusti.”, kandha ibu.
“Nggih bu, Laksita nyuwun pangapunten” wangsulanipun.
Wonten ing pandonganipun Laksita  nyuwun ngapura dhumateng gusti.
“Duh gusti ingkang Welas Asih, Kula nyuwun ngapunten awit sedaya lepat kawula amargi sampun nglalekaken panjenengan. Wonten ing kewontenan menika kula janji mboten baleni kesalahan menika malih” sinambi nangis sesegen.
Amargi kawontenan menika wau Laksita sampun mboten nate ninggalaken kewajibanipun malih kangge ngibadah, wonten ing kawontenan menapa kemawon alesan ingkang ngeken piyambakipun ninggalaken kewajiban.

***


Kanthi ewah-ewahan sawetawis

No comments:

Post a Comment