PItutur Sejati

"Ngudi kuwi pait rasane nanging ngrasakake kang aran getun iku luwih lara lan rekasane"

Pitutur Sejati

"Ngelmu Sejati Iku Nggoleki Palilahe Guru, Mrih Bisa Berkah Lan Migunani"

Friday 25 September 2015

SANDIWARA/DRAMA

Pangretosan Sandiwara
Sandiwara/drama inggih menika gancaran ingkang nggambaraken watak lumantar solah bawa, muna muni (acting) wujud tingkah laku, gineman (dhialog) ingkang dipunparagakaken/dipunpentasaken. Tindak tanduk saha guneman kala wau saged awujud rembagan, ngguyu, muwun, mlampah, silat lan sapiturutipun.

Tembung sandiwara menika dumunung saking tembung (sandi = wadi, wara = wewarah). Wonten ingkang maringi sesebatan tonil utawi tontonan. Estunipun ringgit/wayang, kethoprak, sandiwara, ludruk lan sapiturutipun kagolong jinising drama. Sandiwara sepisanan dipuntepangaken dening KGP Mangkunegara VII kanthi ngginakaken tembung toneel Ingkang mawa teges sandi utawi rahasia.

Sandhi : rahasia, sesingidan, wadi
Warah : Piwulang/wewarah.
Satemah sandiwara saged dipuntegesi piwulang ingkang dipuntindakaken kanthi sinnandhi  utawi pralambang. Wondene pralambang menika saged awujud tindak tanduk, guneman, lan sapanunggalanipun.Sandiwara menika nggambaraken watak lantaran solah bawa, muna muni awujud tindak tanduk kanthi srana dipunpentasaken.

Tembung drama dipunpendhet saking tembung Yunani ingkang ateges obah (gerak) utawi perbuatan. Wondene ing basa inggris saking tembung "action", Bakenipun drama inggih menika gerak ingkang ngginakaken  pacelathon kagem nyethakaken tumindaking manungsa. Seratan teks drama ugi dipunwastani repertoire. Wonten ing salebeting drama wonten perangan ingkang kedah dipungatosaken kados ing ngandhap menika :
  • Babak
  1. Perangan saking lakon.
  2. Wonten gumantosing babak ugi wonten gumantosing dekor utawi latar setting.
  3. Ginanipun kagem nerangaken wosing pentas menika.
  • Adegan
  1. Peranganipun babak
  2. Owahing adhegan mboten dipunsarengi gantosing dekor.
  3. Ginanipun kagem nerangaken wosing pentas.
  • Prolog
  1. Tembung buka kagem miwiti pentas.
  2. Ginanipun minangka pengantar satunggaling bab ingkang badhe dipunpentasaken minangka tetepungan para paraga.
  • Dialog
  1. Guneman ingkang dipuntindakaken dening tiyang kalih utawi langkung.
  2. Ginanipun kagem nemtokaken watak paraga.
  3. Mbetahaken emosi supados gineman menika saged keraos urip utawi narik kawigaten.
  • Monolog
  1. Pacelathon ingkang dipuntindakaken dening tiyang setunggal.
  2. Mbetahaken emosi kagem narik kawigaten pamirengipun.
  • Epilog
  1. Tetembungan ingkang dipunaturaken saderengipun pentas menika dipunpungakasi.
  2. Ginanipun kagem nerangaken piwulang saking drama ingkang dipunaturaken.
  • Mimik
  1. Ekspresi (gerak gerik) praupan surya kagem maringi gegambaran ingkang nembe dipunlampahi dening paraga.
  • Pantonim
  1. Ekspresi awak kagem maringi gegambaran dhateng kawontenan ingkang nembe dipunlampahi.

No comments:

Post a Comment